cinencang rasa
dening: haryana prabanala
daklarah ing tumpukan slangkrah,
dakluru ing antarane wedhi watu,
daklari tekan pucuking gunung mrapi,
semplah, bisu sepi tanpa tabet
rasa kaya jiniret
cinencang endahing gegayuhan
duk maksih sesandhingan.
seyegan, 6 november 2010